Senin, 23 Mei 2011

Mengingatkan Kembali.......!!!

Sekedar mengingatkan kembali,sebagai bangsa yang besar alangkah baiknya kita jangan sampai melupakan  budaya kita sendiri. Untuk itu sekarang saya kasih sedikit kumpulan peribahasa jawa yang mungkin sekarang telah dilupakan.......(tragis)



  • Adhang-adhang tetese embun         : njagakake barang mung sak oleh-olehe.
  • Adigang, adigung, adiguna               : ngendelake kekuwatane, kaluhurane lan kepinterane.
  • Aji godhong garing                          : wis ora ana ajine / asor banget.
  • Asu rebutan balung                         : rebutan barang kang sepele.
  • Asu marani gebuk                           : sengaja marani bebaya.
  • Busuk ketekuk, pinter keblinger      : wong bodho lan pinter padha wae nemu cilaka.
  • Becik ketitik ala ketara                   : becik lan ala bakal konangan ing tembe mburine.
  • Cebol nggayuh lintang                     : kekarepan kang ora bakal bisa kelakon.
  • Cedhak kebo gupak                      : cedhak karo wong ala bakal katut ala.
  • Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : tansah diparingi slamet, ora ana kang ngganggu gawe.
  • Desa mawa cara, negara mawa tata : saben panggonan duwe adat dhewe-dhewe.
  • Diwenehi ati ngrogoh rempela         : diwenehi ora trima, malah njaluk sing luweh akeh.
  • Eman-eman ora keduman               : karepe eman malah awake dewe ora keduman.
  • Endhas gundul dikepeti                   : wis kepenak ditambahi kepenak maneh.
  • Esuk dhele sore tempe                    : mencla mencle.
  • Gajah ngidak rapak                         : nerang wewalere dewe.
  • Gupak pulute ora mangan nangkane : melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.
  • Idu didilat maneh                             : murungake janji kang wis diucapake. 

  • Jer basuki mawa bea                       : samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.
  • Kakehan gludug kurang udan           : akeh omonge ora ana nyatane.
  • Kebo nusu gudel                              : wong tuwa njaluk wulang wong enom.
  • Keplok ora tombok                         : wong senengane komentar thok nanging ora gelem tumindak.
  • Kabanjiran segara madu                   : nemu kabegjan kang gedhe banget.
  • Lanang kemangi                               : wong lanang kang jireh.
  • Mikul dhuwur mendhem jero            : bisa njunjung drajate wong tuwa.
  • Nabok anyilih tangan                        : tumindak ala kanthi kongkonan uwong liya.
  • Nglungguhi klasa gumelar                  : nindakake pagawean kang wis tumata.
  • Nguyahi segara                                 : weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase.
  • Pitik trondhol diumbar ing padaringan : wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-entekake.
  • Rawe-rawe rantas malang-malang putung : samubarang kang ngalang-alangi bakal disingkirake.
  • Rebut balung tanpa isi                        : pasulayan merga barang kang sepele.
  • Rindhik asu digitik                          : dikongkon nindakake penggawean kang cocok karo kekarepane.
  • Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah : yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesthi padha bubrah/rusak.
  • Sadumuk bathuk sanyari bumi             : pasulayan nganti dilabuhi tekaning pati.
  • Sepi ing pamrih, rame ing gawe           : nindakake panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa.
  • Sluman slumun slamet                         : senajan kurang ati-ati isih diparingi slamet.
  • Tulung menthung                                : katone nulungi jebule malah nyilakani.
Mungkin sedikt peribahasa ini dapat mengingatkan kembali tentang bagaimana luhurnya budaya kita sendiri. Semoga bermanfaat.......................amien



Tidak ada komentar:

Posting Komentar